Nyanyian Jabur 51: 3-19
Agung Jatmiko Agung Jatmiko
426 subscribers
90 views
2

 Published On Feb 8, 2024

Syair : Agung Jatmiko
miturut Jabur 51: 3-19
Melodi: Pdt. Untung Ongkowidjaja
Iringan : Tim Nyanyian Mazmur GKI
Vocal : Agung Jatmiko

refrain
Dhuh Allah mugi melasi kula wit saking sih kadarman Paduka
Karsaa nglebur dosa kawula wit gunging sih kadarmanIpun

Kula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula. Dosa kawula mugi Paduka ruwat wit ngrumaosi panerak kawula. Nggih namung dhateng Paduka p’yambak nggèn kula sampun adamel dosa. Nglampahi awon s’pados tetélaa pancasan-Ipun adil lan resik.

Kalairaken sèstu nandhang duraka. Biyung kawula ngandeg sajroning dosa. Paduka rena kaleresan ing batos kalawan kèndel paring kawicaksanan. Dosa kula gya Paduka icali klayan hisop temahan dados resik. Ngedusi kula temah dados pethak nglangkungi pethakipun salju.

Kula kepareng mireng kabingahan balung kang remuk sageda surak-surak. Karsaa ngaling-alingi wedananÉ, sampuna mirsa dosa k’lepatan kula. Karsa nglebur damel resik ing manah batos kula mugi kaénggalaken klayan roh santosa Roh Paduka suci sampuna kapundhut s’king kawula.

Karsaa nggigah kabingahan kawula wit karahayon ingkang saking Paduka. Jangkepi kula klayan roh ingkang éklas mulang tyang nasar tyang dosa mrih mratobat. Nguwalaken saking kasambutan rah; surak-surak martosken kaadilan. Karsa mbikak lambé saha cangkem kula martosken pamuji konjuk Allah.

Mugi kersaa nandukken kesaénan mring Sion manu rilaning galih Tuwan. Mbangun balowartining Yerusalem. Paduka nunten badhe kersa nampèni kurban kang leres korban obaran tuwin korban kang kabesmi sedaya. Lembu jaler lajeng badhe kakurbanken wonten ing Misbyah Paduka



#mazmur #mazmurkristen #nyanyianrohani #mazmurtanggapanedisibaru #mazmurbaru #mazmurdaud #kidungjemaat #kidungjawa #mazmurtanggapan #mazmurharian #psalm #mazmur #kidungjawa #mazmurtanggapanedisibaru #nyanyianrohani #kidungjemaat #psa #psalms #bible #biblestudy #biblestudy #church #churchonline #himne #jabur #ibadahdirumah #ibadah #indonesia #ibadahonline #chrstian #javanesesong #javanesemusic #javaneseculture #alkitab #psalm #psalms #rohani #chrstian #church #partitura #christiansongs #christianmusic #ibadah #pelengkapkidungjemaat #pelengkap_kidung_jemaat

show more

Share/Embed