Pidato Perpisahan TK bahasa jawa | TK Roudlotul Abidin
ALREY DAILY ALREY DAILY
8.95K subscribers
60 views
1

 Published On Jul 7, 2023

Akhirussanah TK Roudlotul Abidin Ungaran

Assalamu'alaikum wr. wb.
Ingkang kulo hormati Ibu Kepala Sekolah lan Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi Ingkang kulo hormati Bapak/Ibu wali murid, lan rencang-rencang TK B ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara Akhirusanah menika.
Mboten keraos kulo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Kula, wakil saking rencang-rencang TK B ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo sak rencang dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun kalih tahun.
Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Ibu guru amargi wonten ing kalih warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo utawi mboten disengojo.
Mugi-mugi Ibu guru kerso maringi pangapunten sedoyo kelepatan kulo kaleh rencang-rencang.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agengipun pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb.

show more

Share/Embed