LAMUNAN - WAHYU F GIRI (PINDA SAMUDRO PASANG KANG TANPO WANGENAN)
Madiun Slow Bass Madiun Slow Bass
2.06K subscribers
16,361 views
0

 Published On Premiered Jan 26, 2024

#lamunan #wahyufgiri #pindasamudropasang #pindosamudropasang #djterbaru





LIRIK LAMUNAN - WAHYU F GIRI


Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi

 

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manising esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku

 

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

 

wong ayu age nyedhak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

 

Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Yekti sliramu kang dadi lamunan

show more

Share/Embed