Kidungan Jula Juli Karaoke Surabaya
Budaya Kita Official Budaya Kita Official
10.5K subscribers
1,859 views
30

 Published On Oct 29, 2023

Lirik Kidungan Jula Juli

Poss
Montor muluk molah Malik
aku delok nyemplung Bengawan
takrewangi nyungsang jempalik
saking abote dikarepi prawan
prawane ayu
manuk prenjak miber ngulon
konco panjak ayo Alon Alon

Lombo
Iki akeh daerah ,sing kekeringan
Ketigo dowo, gak Ono udan
Gagal panen ,sak Paran Paran
Iku Podo , Karo ngurangi pangan

Iki musibah kanggo poro tani
Banyu gak Ono, kali gak Mili
Tanah nelo, tanduran Podo mati
Poro tani , ngalami rugi

Rangkep
Dampak kekeringan , rak nguatirno
Kabar kebakaran ,Nok Kono Kono
Mulo ayo ati ati, klawan waspodo
Dulinan Geni, Ojo sembrono

Mulo panase , kok koyo ngne
Mulai jam 10 isuk sampik jam 5 sore
Kate metu ,wegah panase
Kate mapan turu ,kok cik ongkep e

Dangdut
Ayo Podo , jogo kesehatan
Ojo sampik, kakean pikiran
Mulane kudu dolek penyegaran
Sering rekreasi olahraga Lan hiburan

Nek hiburan ku pancene seje
Aku ngingu manuk, kok cik akehe
Onok Manuk siji ,ulem unine
Manuk cendet , iku jenise

Bojoku pancen sing kakean polah
Aku ngingu manuk jare ngebek i omah
Trs melok ingon ingon Kucing anggora
Onok maneh Kucing Persia

Bojoku akire ngingu kucing
Bendino Dipakani iwak daging
Wingi gak nyekel duwik , pikirane pusing
Kucing diculno , manuk ku entek dikrayah kucing

#dagelanjowo #ludruk #humor #breakingnews #pilpres2024 #ahokdjarot #banyolanjowo #demokrat #ganjarpranowo #geloraindonesia

show more

Share/Embed