Cito Cito Dunyo + Lirik
Sawiji Beloko Sawiji Beloko
577 subscribers
4,541 views
38

 Published On Jul 27, 2022

Semoga semakin menambah wawasan kita
Silahkan like,komen/share jika video ini bermanfaat dan -
Bantu channel ini terus berkembang dengan Subscribe, Terima kasih.

CITO-CITO DUNYO

Cito-cito dunyo iku metengi ati
Cito-cito akhirat iku madangi ati
Gholib ngawam teksir ora ngati ati
Ngelakoni doso ora ditobati

Ayo dulur ayo podo luru 'ilmu
Mumpung durung masyaqqah badan nyawamu
Ojo nuruti howo nafsumu
Senajan salah seneng seneng atimu

Titenono yen wus mati bakal nyowo
Diobong ning jero geni dadi wowo
Nangis jerit jerit iman islam ora gowo
Katungkul dunyo awan bengi anut howo

Ayo dulur ayo podo mikit tobat
Mumpung durung tetekanan nyowo minggat
Ngupoyo sahe iman lan sahe ngibadah
Mepeki rukun syarat sahe to'at

Netepi wajib marang maksiat mungkur
Iku bejo yen wus mati ning jero kubur
Bungah seneng koyo manten turu ning kasur
Cawisane lengo wangi wedak kukur

show more

Share/Embed