LAMUNAN - Pindha Samudra Pasang Kang Tanpa Wangenan - KELUD PRODUCTION REMIX
KELUD PRODUCTION KELUD PRODUCTION
1.1M subscribers
1,898,969 views
8.4K

 Published On Feb 18, 2024

Title : Lamunan
Song Writer : Wahyu F. Giri
Vocal : Chaca Felicia
Music by : KELUD TEAM REMIX

Lirik :

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti slirmu kang dadi lamunan

Sumribid angin ratri tansah hanganteni
Setya nrajang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu duh yayi

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nuawang manising esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Wong ayu age nyedak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

show more

Share/Embed