Notasi Gd Gendreh, Ldr Tebu sakuyun Sl.m. Karawitan RRI Surakarta
SG RRI Ska SG RRI Ska
5.05K subscribers
3,759 views
21

 Published On Apr 2, 2023

Gendrèh Gendhing kethuk 4 kerep minggah 8, Kalajengaken Ladrang Tebu Sakuyun laras sléndro pathet manyura
Karawitan RRI Surakarta.

CAKEPAN LDR TEBU SAKUYUN
Kinanthi tebu sakuyun
Kayungyun angrenggo gendhing
Mung saking derenging cipto
Pari kedah yun angrawit
Angrumpoko mrih sembodo
Lebdo ing sekar kakawin

Kawimbuhan soyo sengkut
Dupi wruh aglar pangrawit
Akeh warnaning Pradonggo
Warno warna ning nyawiji
Yekti mujudke saloko
Manunggal kawulo Gusti

Rebab sinenggreng satuhu
Ater ambukani gendhing
Kendhang sawego tumandang
Gender ambarung gumrining
Bonang wenang sung tulodho
Lakuning balungan yekti

Slethem matem trus ambengung
Kethuk mathuh angrujuki
Kenong keneng kanggo tondho
Jangkepe thuthukan mathis
Kempyang angempyangi roso
Kenong ming sumelo gati.

show more

Share/Embed