Nyanyian Jabur 89:20-37
Agung Jatmiko Agung Jatmiko
426 subscribers
138 views
3

 Published On Jul 11, 2024

Jabur 89:20-37
Syair : Agung Jatmiko
miturut Jabur 89:20-37
Melodi: Santoso Gondowidjojo
Iringan : Tim Nyanyian Mazmur GKI
Vocal : Agung Jatmiko

Reff
Ingsun bakal nglestarèkaké
Sih susetyaning-Sun mring sira
sak anak putuné
lan kastyaning-Sun tetep s’lawase


Ingsun wus nemu Dawud abdining-Sun
kang Sun jebadi klawan
lenganing-Sun kang suci;
bakal Sunreksa kalawan astaningSun,
Sun santosaké k’la wan bauningSun
‘ra bakal tinempuh ing mungsuh.
Kawasésa ing wong kang culika.
Mungsuhé bakal ingSun remuk.
Sarta kang sengit bakal Ingsun sinaké.
Sunsirnakaké ana ing ngarepé.

Kinanthi ing kasetyan lan sih kadharman
sarta sunguné bakal
unggul wit asmaning-Sun,
ndadèkaké tangané ngwasani segara.
Sarta tangané tengen ngerèh kali
panyebuté mring IngSun ngéné:
“Peparanging karahayon kawula!”
sarta iya bakal Sunjunjung.
Putra kang mbarep tuwin kang luhur dhéwé
ing antarané pra raja anèng bumi.

Yèn anak putuné nglirwaké torèting-Sun
sarta lakuné ora
manut pranataning-Sun
lan padha nerak marang katetepaning-Sun.
Sarta ora netepi pepakening-Sun;
paneraké mesthi Sunwales.
Padha Sunwales kalawan gada;
kaluputan kang ditindaké.
Ing ngarsaning-Sun bakalan Ingsun wales
Ingsun wales kalawan gebug.

Nanging sih susetyaning-Sun ora bakal
Sunedohaké saka Dawud abdining-Sun.
Sarta Ingsun ora bakal nyèlaki
kasetyaningSun mring Dawud abdining-Sun.
Ingsun ora bakalan nerak.
Nerak marang prasetyaning-Sun
tuwin apa kang wus kawedhar,
uwis kawedhar saka ing lathining-Sun
bakal tetep lan ora Ingsun owahi.

Sepisan Ingsun uwis sumpah
demi kasucèning-Sun mring Dawud abdining-Sun
mesthi Ingsun ora bakal cidra
marang Dawud abdining-Sun kinasih.
Tedhak turuné bakalan
lestari ing salawas-lawasé
lan dhamparé kaya srengéngé.
Kaya rembulan ana ing ngarsaning–Sun
seksi kang setya tuhu ana ing mega.


#mazmur #mazmurkristen #nyanyianrohani #mazmurtanggapanedisibaru #mazmurbaru #mazmurdaud #kidungjemaat #kidungjawa #mazmurtanggapan #mazmurharian #psalm #mazmur #kidungjawa #mazmurtanggapanedisibaru #nyanyianrohani #kidungjemaat #psa #psalms #bible #biblestudy #biblestudy #church #churchonline #himne #jabur #ibadahdirumah #ibadah #indonesia #ibadahonline #chrstian #javanesesong #javanesemusic #javaneseculture #alkitab #psalm #psalms #rohani #chrstian #church #partitura #christiansongs #christianmusic #ibadah #pelengkapkidungjemaat #pelengkap_kidung_jemaat #pujian #pujianrohani #pujianpenyembahan #saatteduh #mazmurtanggapanedisibaru #chrstian #mazmurdaud #persembahanpujian #mazmuredisibaru #mazmur89 #jabur89

show more

Share/Embed